James Dewey Watson | |
---|---|
Lair | Chicago, Illinois, A.S. | April 6, 1928
Padunungan | A.S., Karajan Manunggal |
Bangsa | Amérika Sarékat |
Alma mater | Univèrsitas Chicago, Univèrsitas Indiana |
Kondhang ing | Struktur DNA, Biologi molekular |
Bebungah | Bebungah Nobel (1962) |
Karièr ngèlmiah | |
Babagan | Biologi molekular |
Institutions | Cold Spring Harbor Laboratory |
Juru pamrayogya dhoktoral | Salvador Luria |
James Dewey Watson (miyos ing Chicago, 6 April 1928) punika satunggiling èlmuwan biologi molekul kabangsan Amérika Sarékat ingkang dipuntepangi mliginipun minangka salah satunggil panemu struktur molekul DNA. Panjenenganipun nampi Bebungah Nobel Kadhokteran sesarengan kaliyan Francis Crick lan Maurice Wilkins ing taun 1962 margi panemon struktur molekul asem nukleat lan tegesipun kanggé pamindhahan informasi.
Watson nampi gelar B.A. saking Univèrsitas Chicago lan teras nampi Ph.D. ing Universitas Indiana taun 1950. Watson pinanggih Francis Crick nalika kekalihipun nyambut damel ing Laboratorium Cavendish ing Univèrsitas Cambridge, Inggris. Wigatos dhumateng struktur DNA, kekalihipun damel modhel ingkang kasil dhateng asem nukleat taun 1953. Ing taun 1956 Watson pindhah dhateng Pérangan Biologi ing Harvard, ing pundi panjenenganipun nyinaoni RNA. Panjenenganipun dados dhirèktur Cold Spring Harbor Laboratory ing Long Island, New York wiwit taun 1968. Panjenenganipun sampun mbiyantu damel lembaga puniki dados pusat panlitèn genetika molekuler lan kanker, ing atawisipun topik sanèsipun. Watson nglampahaken Human Genome Project ing NIH wiwit taun 1988 dumugi taun 1992.
Buku Watson ingkang laris sanget The Double Helix, dipunterbitaken taun 1968, nyariyosaken malih taun-taun risèt DNA.
Ing tanggal 25 Oktober 2007 James Watson ngunduraken dhiri saking posisinipun minangka kepala Cold Spring Harbor Laboratory. Perkawis puniki dipunjalari amargi pranyatanipun ingkang dipunanggep asifat rasis utawi eugenetis, kakait kaliyan kambotensagetan bangsa-bangsa Afrika salabeting damel kagesanganipun saya saé lan tiyang kulit cemeng ingkang dipunanggep boten kompetèn. Amargi pranyatanipun puniki, sapérangan lembaga akadhemik ing Inggris mbatalaken undhangan dhumateng piyambakipun kanggé wicara ing sangajengipun publik lan lembaga ingkang dipunpimpin nyekors piyambakipun.
Taun-taun sadèrèngipun, panjenenganipun ugi naté nelakaken bilih satunggiling ibu saénipun dipunidinaken ngguguraken kandhutanipun manawi dipunmangertos yoga ingkang dipunkandhut mbeta gen homoseksual.
Panjenenganipun naté ugi nelakaken bilih wonten kamungelan kaitan antawis warna kulit lan "nafsu sèksual" (sexual prowess), sarta antawis dhuwuring badan lan ambisi. Pranyatan kontrovèrsial sanèsipun inggih punika bilih kabodhoan (stupidity) punika lelara genetis ingkang kedah dipuntangani kanthi mèdhik.