Alexander Fleming

Alexander Fleming
Lair(1881-08-06)6 Agustus 1881
Lochfield, Ayrshire, Scotland
Pati11 Maret 1955(1955-03-11) (umur 73)
London, England
BangsaScottish
Warga nagaraUnited Kingdom
Alma materRoyal Polytechnic Institution; St Mary's Hospital Medical School
Kondhang ingDiscovery of penicillin
BebungahNobel Prize in Physiology or Medicine (1945)
Karièr ngèlmiah
BabaganBacteriology, immunology
Tandha tangan

Alexander Fleming yaiku penemu penisilin. Dhèwèké lair ing kutha Lochfield, Sekotlan, nalika tanggal 6 Agustus 1881. Fleming sekolah ing Louden Moor School, Darvel School, lan akademik Klimarnock sadurungé pungkasané ngalih kanggo nerusaké kuliahé ing politèknik. Sawisé ngrampungaké sekolahé, Fleming nyambut gawé ana ing ing perusahaan pelayaran nanging dhèwèké ora seneng marang gawéan sji iku. Iku sebabé, nalika dhèwèké éntuk warisan saka salah siji seduluré, dhèwèké metu saka pagawéan mau lan sinau kadhokteran ing Sekolah Kedhokteran Rumah Sakit St. Mary ing London. Sawisé lulus, dhèwèké nyambut gawé ing panggonané Almroth Wrigh kang percaya yèn vaksinansi bisa nyegah lelara. Nanging Fleming duwèni panyaruwé yèn ana cara liyané kango nambani infèksi. Nalika taun 1922, Fleming kasil nemu gagasan manawa awaké manungsa ngandhut ènzim kang ana ing luh lan lendir irung kang bisa matèni baktèri-baktèri. Taun 1928, Fleming nemu pinisilin. Nalika iku dhèwèké prèinan nganti rong minggu, lan ninggal piring kang ana baktéri Staphylococcus’ ing bangku laboratoriumé. Nalika iku dhèwèké lagi mbuktèkaké téyori kesenengané yaiku lendir irung duwé èfèk antibaktéri. Sawisé dhèwèké bali, sawijining bunderan bening ana ing thukulan jamur warna kuning rada ijo mau. Fleming tinggal dunya nalika tanggal 11 Maret 1955 amarga lara Jantung.

Cathetan suku

  1. a b c d e f g
  2. a b c d e f