Friedrich Ratzel

Friedrich Ratzel

Friedrich Ratzel (lair Jerman 30 Agustus 1844) ya iku wartawan lan juru nulis pirang-pirang buku ngenani étnologi, géografi manungsa, lan pulitik. Friedrich Ratzel minangka pencetus téyori ruwang (lebensraum) ing babagan sosial kabangsan.

Panguripan

Friedrich lair tanggal 30 Agustus 1844, ing Karlsruhe, Jerman. Friedrich Ratzel duwé bapak kang minangka sawijining manajer staf rumah tangga Grand Duke saka Baden. Dhèwèké sekolah ing pawiyatan luhur Karlsruhe suwéné 6 taun, sadurungé nyambut gawé ing apotèk taun 1859. Sawisé iku, ing taun 1863, Ratzel sinau klasik (ngèlmu sosial) ing Tlaga Zurich, Switserlan. Sawisé nyambut gawé minangka apotèker ing laladan Ruhr (1865-1866), dhèwèké sekolah manèh ing pawiyatan luhur Karlsruhe. Banjur Ratzel nerusaké sekolahé lan dadi mahasiswa zologi ing Universitas Heidelberg, Berlin. Ing taun 1868, Ratzel gawé sawijining tèsis ngenani karakteristik lan cacing saka buku karya Charles Darwin, ya iku Origin of Species kang wis ana kawit taun 1859.

Cathetan suku

  1. a b Friedrich Ratzel Biographi, www.bookrags.com. Diudhuh tanggal 12 Juni 2010.
  2. a b c d e f Some Biogeographers, evolutionis and ecology: Chrono-Biographical Sketches Sketsa biografis Chrono, people.wku.edu. Diundhuh tanggal 12 Juni 2010.