Sergio Busquets

Sergio Busquets
Busquets main kanggé Barcelona ing taun 2018
Katerangan priangga
Jeneng dawa Sergio Busquets Burgos
Papan lair Sabadell, Spain
Dhuwur 1.89 m (6 ft 2 12 in)
Posisi main Glandhang bertahan
Katerangan klub
Tim saiki
Barcelona
Angka 5
Karir nom
1995–1996 Badia
1996–1999 Barberà Andalucía
1999–2003 Lleida
2003–2005 Jàbac Terrassa
2005–2007 Barcelona
Karir sénior*
Taun Tim Main (Gul)
2007–2008 Barcelona B 25 (2)
2008–saiki Barcelona 296 (7)
Tim nasional
2008–2009 Spanyol U21 3 (1)
2009– Spanyol 102 (2)
2008– Catalonia 8 (0)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 24 December 2017.

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 14 November 2017

Sergio Busquets Burgos (Cithakan:IPA-ca, pangucap cara Spanyol: ; lair 16 Juli 1988) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profésional Spanyol ingkang main ing posisi gelandhang ingkang samenika main ing klub FC Barcelona lan Timnas Spanyol. Busquets miwiti karir kanthi mlebet ing tim eném FC Barcelona ing taun 2005. Wonten tim Juvenil A ing mangsa 2006-2007, piyambakipun saged ngasilaken 7 gol ing 26 pertandhingan. Ing mangsa salajengipun, Busquets dipunpromosikaken dhateng tim B. Debutipun ing La Liga dipunwiwiti tanggal 13 September 2008 wekdal pertandhingan mengsah Racing de Santander ingkang asilipun imbang. Wonten ing Liga Champions, Busquets kasil nyithak gol kaping kalihipun wekdal FC Barcelona mengsah FC Basel tanggal 22 Oktober 2008.

Tanggal 22 Desember 2008 Busquets napakasmani perpanjangan kontrak kalih Barcelona ngantos taun 2013. Ing mangsa 2009-2010, Busquets main ngantos ping 33 ing liga, ping 10 ing Liga Champions lan ping 4 ing Cup. Lan ing mangsa salajengipun, Busquets saged mbiyantu FC Barcelona menangaken Spanyol Supercup lan Liga Champions.

Karir Busquets ing Timnas Spanyol dipunwiwiti taun 2009 kepungkur. Busquets mlebet skuad La Furia Roja wekdal juwara ing Piala Donya 2010 lan Euro 2012. Total 74 caps lan 2 gol kanggé Tim Matador.

Pranala njawi

(ing basa Indonésia)Sergio Busquets

Rujukan

  1. a b FIFA World Cup South Africa 2010: List of players (dipunundhuh tanggal 7 Januari 2018)
  2. a b c d e f g h i Busquets[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 7 Januari 2018)
  3. a b dan Biodata Sergio Busquets(dipunundhuh tanggal 7 Januari 2018)