Los Angeles Lakers

Logo LA Lakers

Cithakan:Tim NBA Los Angeles Lakers inggih punika tim bal basket Amérikah Sarékat ingkang kagabung wonten ing salebeting National Basketball Association. Tim punika dumunung wonten ing Los Angeles, California. Kala rumiyi tim punika gadhah nama Detroit Gems dumugi dipunéwahi dados Minneapolis Lakers nalika taun 1947. Nama Lakers kapendhet saking kapal pengangkut kargo ingkang ngléwati Great Lakes. Nalika taun 1950, Lakers menangaken gelar juara NBA ingkang angka pisanan. Wonten ing taun 1960, Mineapollis Lakers pindhah dhateng kutha Los Angeles lan gantos naa dados LA Lakers. Wiwit wekdal punika, Lakers dados tim NBA kapisanan wonten ing wewengkon Pasisir Barat. Mangsa paling apik saking Lakers dipungayuh naika taun 1971/1972 nalika tim mau mecahaken rekor NBA kanthi ngrebut 33 kemenangan kanth urut boten pedhot. Mangsa mau dipunpungkasi kanthi rékor menang-kalah (69-13) lan Lakers medal dados juara NBA.

Nalika wiwitan mlebet NBA, Lakers gadhah markas ing LA Sports Arena. Lajeng, ingkang gadhah tim, ingkang nama Jack Kent Cooke, mbiyangun sawijining stadion ingkang gadhah kapasitas 17,000 penonton ingkang dipunsukani nama Great Western Forum (The Forum). Nalika taun 1978, tim lan stadion mau dipuntumbas déning Jerry Buss kanthi regi 67.5 juta dolar AS. Nalika taun 1999, Lakers gadhah markas énggal ingkang dipunsukani nama Staple Center. Wonten ing bimbingan pelatih Phil Jackson, LA Lakers nggayuh 5 gelar juara NBA wonten ing periode 2000-2010. Dumugi taun 2011, kathah pelatih lan juru main Lakers ingkang pikant penghargaan wonte ing NBA, angtawisipun ingih punika Pat Riley, Kareem Abdul-Jabbar, Magic Johnson, Shaquille O'Neal, lan Kobe Bryant.

Nomor sragam ingkang dipunpensiunaken

Honored Minneapolis Lakers

Kajawi nomer sragam ingkang dipunpensiunaken, Lakers ugi nggantungaken satunggaling banner kanthi nama 6 tiyang Basketball Hall of Fame, ingkang minangka kunci kesuksesan tim mau nalika taksih main migunakaken nama Minneapolis Lakers:

Cathetan suku

  1. a b c Sloan MacRae. 2010. The Los Angeles Lakers. New York: The Rosen Publishing Group.
  2. a b c d e f g h i j Sportsecyclopedia.com Archived 2013-03-13 at the Wayback Machine. Los Angeles Lakers. Dipunundhuh tanggal 12 Maret 2013.
  3. NBA.com (LA Lakers0

Cithakan:NBA