Jacques Derrida

Jacques Derrida

Jacques Derrida (miyos ing El Biar, Aljazair, 15 Juli 1930-tilar donya ing Paris, Prancis, 8 Oktober 2004 ing yuswa 74 warsa) inggih punika salah satunggalipun filsuf Prancis ingkang dipunanggep minangka pangusung téma dékonstruksi wonten ing filsafat postmodhèrn. Pamikiranipun ugi dipunpratélakaken kanthi filsafat basa. Wonten ing seratanipun Christopher Norris ingkang irah-irahanipun Derrida (1987), Norris gadhah asumsi bilih filosofi Derrida mliginipun bab seratan.

Pagesanganipun

Jacques Derrida miyos ing Aljazair nalika tangggal 15 Juli 1930. Ing warsa 1949 panjenenganipun pindhah dhateng nagari Prancis, lan ing Prancis panjenenganipun manggèn ngantos tilar donya. Panjenenganipun mucal ing École Normale Supérieure ing kitha Paris. Tiyang sepuhipun ingkang asma Aimé Derrida lan Georgette Sultana Esther Safar, palakrami ing warsa 1923 lan pindhah dhateng St.Agustinus ing Aljazair nalika warsa 1925. Ing taun ingkang sami Rene Derrida (putrinipun Aimé lan Georgette) miyos lan sekawan taun salajengipun Paul Derrida (rayinipun Rene) miyos. Nanging tigang wulan sasampunipun Paul tilar donya. Nalika warsa 1930 Jackie Derrida miyos. Ing wekdal salajengipun panjenenganipun nyebat kanthi sesebatan "Jacques". Sadangunipun gesang, panjenenganipun tansah cubriya mbokbilih panjenenganipun namung dados panggantosipun kangmasipun, Paul. Derrida kalebet trah Yahudi. Panjenenganipun naté pikantuk kanugrahan doctor honoris causa ing Universitas Cambridge. Nalika tanggal 9 Oktober 2004, panjenenganipun tilar donya ing yuswa 74 warsa amargi gerah kanker.

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o

Pranala njawi