Distilasi

Distilasi utawa penyulingan ya iku siji metode pemisahan bahan kimia dhedhasar perbedaan kecepatan utawa kagampangan amub (volatilitas) bahan.

Ing penyulingan, campuran zat diumubake saéngga umub, lan umube iki banjur diademke manèh ing wujud cuwèran. Zat kang duwé titik umub luwih cendhek bakal umub luwih disik.

Metode iki kalebu minangka unit operasi kimia jinis perpindahan massa. Panerapan prosès iki dhedhasar ing téyori manawa ing siji larutan, saben-saben komponèn bakal umub ing titik umube. Model ideal distilasi dhedhasar ing Hukum Raoult lan Hukum Dalton.

Bagan

Bagan perlengkapan distilasi ing laboratorium

Susunan rerangkèn piranti distilasi prasaja:

  • 1. wadhah banyu
  • 2. labu distilasi
  • 3. sambungan
  • 4. termometer
  • 5. kondensor
  • 6. aliran lumebu banyu atis
  • 7. aliran metu banyu atis
  • 8. labu distilat
  • 9. lubang udara
  • 10. papan wetuné distilat
  • 13. penangas
  • 14. air penangas
  • 15. larutan
  • 16. wadhah labu distilat

Cathetan suku

Pranala njaba

Cithakan:Metode Pemisahan Campuran